Tèknologi informasi iku panggunaan komputer èlèktronika lan piranti alus komputer kanggo ngowahi, nyimpen, ngamanaké, mrosès, mancaraké lan ngamanaké lan nampa data utawa informasi. Miturut Asosiasi Teknologi Informasi AS, tèknologi informasi dijlèntrèhaké minangka: pasinaon, disain, pangembangan, implemèntasi, panyengkuyung utawa manajemen sistem informasi mawa dhasar komputer, mligi aplikasi piranti alus, lan piranti kasar komputer."[1] TI manunggalaké komputasi lan komunikasi mawa kacepetan dhuwur kanggo data, swara, lan vidéo. Conto saka Tèknologi Informasi dudu mung arupa komputer pribadi, nanging uga télpon, TV, piranti rumah tangga èlèktronik, lan piranti gegem modhèren (upamané ponsèl).[2]
Pangolahan, panyimpenan lan panyebaran vokal, informasi mawa gambar, tèks lan numerik déning mikroèlèktronika mawa basis kombinasi komputasi lan télékomunikasi.[3] Istilah sajeroning pangertèn modhèren sepisanan muncul sajeroning sawijining artikel taun 1958 sing diterbitaké sajeroning Harvard Business Review, ing ngendi panulis Leavitt lan Whisler komentar yèn "teknologi anyar durung duwé jeneng tunggal sing diyasa. Awaké dhéwé bakal nyebut iku mau tèknologi informasi (TI)."[4] Sapérangan babagan modhèren lan muncul tèknologi informasi iku génerasi sabanjuré tèknologi wèb, bioinformatika, ''Could Computing'', sistem informasi global, skala gedhé basis pangetauan lan liya-liyané
  
Sajarah
Nalika awal sajarah, manungsa ijolan informasi liwat basa. Mula basa iku tèknologi, basa mungkinaké sawijining wong dadi paham informasi sing ditekakaké déning wong liya nanging iku ora tahan kanthi suwé amarga sawisé pocapan iku rampung, banjur informasi sing ana ing tangan si panampa iku bakal dilalèkaké lan ora bisa disimpen suwé. Saliyané iku jangkauan swara uga winates.
Sawisé iku tèknologi panekan informasi ngrembaka liwat gambar. Kanthi gambar jangkauan informasi bisa luwih adoh. Gambar iki bisa digawa-gawa lan ditekakaké marang wong liya. Saliyané iku informasi sing ana bakal tahan luwih suwé. Sapérangan gambar paninggalan jaman purba isih ana nganti saiki saéngga manungsa saiki bisa (nyoba) mahami informasi sing péngin ditekakaké panggawéné.
Ditemokaké alfabèt lan angka arabik nggampangaké cara panekanan informasi sing luwih èfisièn saka cara sing sadurungé. Sawijining gambar sing makili sawijining prastawa digawé mawa kombinasi alfabèt, utawa mawa panulisan angka, kaya déné MCMXLIII diganti karo 1943. Tèknologi mawa alfabèt iki nggampangaké sajeroning panulisan informasi iku.
Banjur, tèknologi panyithakan mungkinaké pangiriman informasi luwih rikat manèh. Tèknologi èlèktronik kaya déné radhio, tivi, komputer ngakibataké informasi dadi luwih rikat kasebar ing tlatah sing luwih wiyar lan luwih suwé kasimpen.
wifi
lt1a.customer/relat1on/th4nkyou -lt2.client/getconnect lt2.ssid:gop-hotspot2.admin/gratisan
ip10.14.83.135-148/24/gw10.14.80.1/dns202.146.0.5/dns202.146.0.8
proxy
980147/hanggar0305 - 00413/100476

absen10.10.55.25/lobby/index.php 
Telepon: *710576630 (no hp) 
2017:ti/let5duit -10.14.80.230-bank software:adminti/wedangjahe